Bloggers disini kelas berapa aja sih? Buat kalian yang duduk di bangku kelas 9, pasti dapet pelajaran B.Jawa tentang sesorah kan? Nah kalau kalian disuruh buat sesorah atau pidato B.Jawa gak perlu bingung... Karna aku mau kasih contoh sesorah yang real hasil karyaku untuk kalian. Semoga contoh sesorah ini berguna bagi kalian yang membutukan. Monggo ^^
Sesorah
Pengetan Dina Sumpah Pemuda
Sugeng karaharjan saha karahayon kasilira tumprap
kula panjenengan sedaya!
Panjenenganipun Ibu Kepala Sekolah ingkang tuhu
dahat kinurmatan.
Panjenenganipun Bapak/Ibu guru lan karyawan ingkang
tansah begya mulya
Lan para kanca kelas 9B ingkang kula tresnani.
MERDIKA!
Langkung
rumiyin sumangga kula lan panjenengan sedaya ngonjukaken puji syukur wonten
ngarsanipun Gusti Ingkang Mahakuwasa, ingkang tansah paring kanugrahan
dhumateng kula lan panjenengan sedaya.
Wonten ing acara menika kula badhe
caos atur sekedhik wonten pengetan dina sumpah pemuda menika. Dinten Sumpah
Pemuda sampun maringi bukti bilih nagari Indonesia anggadahi tekad badhe
nyawiji, nanging ing jaman sakmenika bangsa Indonesia sampan supe kaliyan
sejarah perjuangan para pahlawan, saengga sejarah tanggal 28 Oktober 1928
menika sampun anggadhahi faedah, kathah daerah badhe ngedekake nagari piyambak
lan lajeng misahaken saking negari Indonesia.
Mila, wonten pengetan Sumpah menika
kita dadosaken panggrengseng semangat kita sedaya supados saged ningkataken
payengkuyung pembangunan ingkang magepokaken kalian kepentingan pemuda dados
generasi penerus bangsa. Kawigatosan kangge ningkataken pertumbuhan pemuda
supados generasi bangsa kita kiyat, sanes generasi ringkih.
Pemuda dipuntuntut kreatif lan
inovatif kangge nglaksanakaken desentralisasi utawi otonomi daerah supados
saged nglairaken keberhasilanipun pembangunan nasional Indonesia ingkang
maju,mandiri,demokrasi,lan adil.
Pungkasan sumangga kita contho sami
semangat Bhineka Tunggal Ika para pemuda supados Bangsa Indonesia tetep rumaket
lan kiyat. Semangat para pemudha! Semangat rakyat Indonesia! Cekap semanten
atur kula mbokbilih wonten kalepatan anggen kula matur kula nyuwun pangapunten.
Ana
temanten mangan srikaya,
Gawe kupat janure tuwa
Cekap
semanten atur kawula,
Menawi
lepat nyuwun pangapura.
Maturnuwun
0 Comment:
Posting Komentar